Sabtu, 07 Mei 2011

Parikan Banyumasan


Saka listrik digeang geong
Aja brisik mbok ana uwong

Wong njangan kluwih, nganggo santen klapa
Tumplek nang sarung panase krasa
Sanajan olih randa = ora apa-apa
Sing penting urung kadaluwarsa

Jangan terong akeh lugute
Timbang nyolong suka njaluke

Jangan kluwik akeh trasine
Wong wis watek angel tambane

Jangan slada akeh mricane
Prawan randa ya pada bae

Jangan tumplek karo segane
Cempulek eh ayu ninine

Sing aran tembung parikan, merguyokna pisan
Kena nggo bumbu dopokan
Uga kena nggo hiburan
Ning aja nggo penjorangan
Apa maning padhang wulan
Timbang mung rubungan dopokan ora karuan


Adol jere kulak ndean
Percuma suka parikan
Suket teki thukul nang nggili
Dipereki koq clala clili
Suket garing nggo empan sapi
Tiwas nyanding ora nyicipi
Suket jeang dinggi nambani
Nek disawang tambah ngangeni
Suket gajah diopeni
Mbok mubah nyong gelem nampani

Tidak ada komentar:

Posting Komentar